Back

ⓘ Basa krama iku basa Jawa kang nganggo tembung krama. Duk nguni, basa krama kapérang telu: wredha krama, kramantara, lan mudha krama, dalah pernahé ana ing dhuwu ..



                                               

Krama

                                               

Pratélan tembung krama (R)

Kaca iki isi pratélan tembung krama ing basa Jawa. Pratélan tembung-tembung krama ing ngisor iki ditata manut linggané. Saben tembung dikanthèni tembung ngokoné. Ing kaca iki uga sinartan conto-conto pangecaké tembung-tembung krama ing ukara. Pratélan iki mligi kanggo tembung-tembung sing kawiwitan huruf R. Pratélan sing baku ana ing pratélan tembung krama.

                                               

Unggah-ungguh basa

Unggah-ungguh basa inggih punika ngelmu ingkang nyinau prakawis patrapipun tiyang sami rerembagan. Tiyang jawi migunaaken unggah-ungguh basa kanggé dhasar anggenipun sami sesrawungan kaliyan tiyang sanès. Amargi tiyang jawi menika tiyang ingkang tansah gadhahi tata krama. Anggenipun migunaaken basa jawi wonten undha usukipun miturut patrapipun. Migunaaken basa jawi krama inggil menika salah satunggaling unggah-unggah basanipun tiyang jawi. Basa krama inggil dipunginaaken nalika sesrawungan kaliyan tiyang ingkang langkung sepuh lan nalika wonten ing adicara adat jawa. Griya inggih punika pa ...

                                               

Indhustri bathik

Indhustri bathik ya iku indhustri kang nggawèni bathik, Kasenian mbathik ing pulo Jawa sampun atusan taun. Motif bathik dhéwé kaya ta lukisan tanduran, kéwan lan crito jaman biyèn. Lukisan bathik kuna kang misuwur saka garis lan titik-titik kang baès serta pénak dilukis. Pungkasan tik saka ukara bathik asalé saka menitik, temétès. kuwalikané saka tembung bathik saka basa krama serat lan basa ngoko tulis, utawa melukis kanggé lilin. Pagawèan mbathik jaman biyèn iku pagawèan sing dilakoni wong wadon saka kalangan bangsawan lan dinggo kanggé kebutuhan kaluwarga déwé. Sansaya suwi bathik saya ...

                                               

Agami impor

Agami impor utawi agama pendatang inggih punika satunggaling julukan ingkang dipunparingaken déning para panganut aliran kapitadosan utawi para panyengkuyungipun kanggé nyebat agami-agami kang asalipun saking jawi nagari kaliyan dipunsebaraken dhumateng Nusantara, kados ta agami Islam, Kristen, Katulik, Hindhu, Buddha, kaliyan Konghucu. Julukan menika limrahipun dipunanggé nalika nuntut amrih aliran kapitadosan menika dipunakèni minangka agami utawi para panganutipun dipunperlakokaken sami kaliyan para panganut agami kang sampun dipunakèni wonten ing Indonésia. Julukan menika ugi dipunangg ...

                                     

ⓘ Basa krama

Basa krama iku basa Jawa kang nganggo tembung krama. Duk nguni, basa krama kapérang telu: wredha krama, kramantara, lan mudha krama, dalah pernahé ana ing dhuwuring basa madya. Saiki, basa krama kapérang loro: basa krama lugu lan krama alus, dalah pernahé ing dhuwuring basa ngoko.

                                     

1.1. Pérangan Wredha krama

Basa wredha krama iku basa krama kang nganggo tembung krama mawa ater-ater lan panambang ngoko: dak-, ko-, di-, -ku, -mu, -né, -kaké. Madyama purusané nganggo tembung panjenengan sampéyan utawa sampéyan, déné utama purusané nganggo tembung kula. Panemu liya mratélakaké yèn ing basa werdha krama uga bisa nganggo tembung krama inggil, tembung ingkang bisa kawancah dadi kang, nanging ora bisa nganggo tembung madya kang wancahan: napa, nika, kémawon. Panganggoning basa wredha krama padatané ing guneming wong tuwa wredha marang wong enom. Ing sor iki conto ukara ing basa wredha krama.

  • Jambu abrit kula tedha sampéyan kintun aké mangké sonten, epahan é kang bekta mangké kula bayar é saking kula kémawon.
  • Nak, kabar é sampéyan sampun di criyosi déning Mas Lurah?
  • Pun anak punapa ajeng nedha ulam ménda? Di saté raos é éca, pun Monah saged ambakar aké.
                                     

1.2. Pérangan Kramantara

Basa kramantara uga diarani basa krama lugu iku basa krama kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang krama. Ater-ater lan panambang krama ana: dipun-, -nipun, lan -kaken. Basa kramantara mèmper basa wredha krama, mung béda ing panganggoning ater-ater lan panambang. Madyama purusané nganggo tembung keng sarira, déné utama purusané nganggo tembung kula. Panganggoning basa kramantara padatané ing guneming wong-wong kang tatarané padha, priyayi kang pangkat luhur marang priyayi kang pangkat asor kang luwih tuwa, lan wong tuwa marang wong nom kang tanpa pangkat dudu sadulur. Ing sor iki conto ukara ing basa kramantara.

  • Keng sarira punapa ajeng nedha ulam ménda? Dipunsaté raosipun éca, pun Monah saged ambakaraken.
  • Kala wingi sampéyan rak sampun kula criyosi, bilih kula boten saged dhateng sadèrèngipun jam sadasa.
                                     

1.3. Pérangan Mudha krama

Basa mudha krama uga diarani basa krama lugu iku basa krama kang nganggo tembung krama kanthi woworan tembung krama inggil mawa ater-ater lan panambang krama. Madyama purusané nganggo tembung panjenengan sampéyan utawa panjenengan, déné utama purusané nganggo tembung kula. Panganggoning basa mudha krama padatané ing guneming wong enom mudha marang wong tuwa, murid marang guru, priyayi marang priyayi kang pangkat padha lan kang pangkat luhur, Ing sor iki conto ukara ing basa mudha krama.

  • Panjenengan sampéyan punapa karsa dhahar ulam ménda?
  • Manawi panjenengan ipun ibu marengaken, kula badhé ndhèrèk.
  • Panjenengan sampéyan kula aturi pinarak ing griya kula.
  • Panjenengan ipun Pak Guru ngarsakaken unjukan punapa?
                                     

1.4. Pérangan Anyaran

Basa krama kang anyar mung kapérang loro: krama lugu lan krama alus.

                                     

1.5. Pérangan Krama lugu

Basa krama lugu iku basa krama kang tembung-tembung, ater-ater, lan panambangé kabèh krama. Basa krama lugu iki padha karo basa kramantara kang lawas. Ing sor iki conto tulisan ing basa krama lugu.

Mangké sonten, manawi siyos, kula badhé késah dhateng Surabaya. Manawi sampéyan gadhah arta, bok kula dipunsambuti sangu. Badhé nédha Paman, piyambakipun saweg boten gadhah arta. Wonten arta sakedhik, nanging, cariyosipun Paman, sampun kalajeng dipuntumbasaken obat. Bibi sakit tanganipun. Saged ta nyebrak sadinten kalih dinten?

Conto ing dhuwur mung nganggo tembung krama.

                                     

1.6. Pérangan Krama alus

Basa krama alus iku basa krama kang tembung-tembung, ater-ater, lan panambangé krama kanthi campuran tembung krama inggil lan krama andhap. Basa krama alus iki padha karo basa mudha krama kang lawas. Ing sor iki conto tulisan ing basa krama alus.

Mangké sonten, manawi siyos, dalem badhé késah dhateng Surabaya. Manawi panjenengan kagungan arta, bok dalem dipun paring i ngampil sangu. Badhé nyuwun Paman, panjenengan ipun saweg boten kagungan arta. Wonten arta sakedhik, nanging, pangandikan ipun Paman, sampun kalajeng dipun pundhut aken obat. Bibi gerah asta nipun. Saged ta nyuwun ngampil sadinten kalih dinten?

Conto ing dhuwur nganggo tembung krama, tembung krama inggil, lan tembung krama andhap dalem.

                                     

2. Rujukan

  • Prajapustaka, Mas Ngabèi 1925. Kawruh Basa. Ngayogyakarta: N. V. Mardi Mulya. CS1 maint: ref=harv link
  • Padmosoekotjo, S. 1953. Ngéngréngan Kasusastran Djawa I. Ngayogyakarta: Toko Buku Hien Ho Sing. CS1 maint: ref=harv link
  • Suwadji 2013. Ngoko Krama. Yogyakarta: Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. ISBN 9786027777620. OCLC 890814963. CS1 maint: ref=harv link
  • Harjawiyana, Haryana; Supriya, Th. 2001. Marsudi Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta: Penerbit Kanisius. ISBN 9792100512. OCLC 48559051. CS1 maint: ref=harv link
  • Sasradiningrat, Bendara Kangjeng Radèn Adipati; Wirapustaka, Ngabèi 1903. Serat Bausastra: Jarwa Kawi. Surakarta: Sie Dhian Hö. CS1 maint: ref=harv link
Free and no ads
no need to download or install

Pino - logical board game which is based on tactics and strategy. In general this is a remix of chess, checkers and corners. The game develops imagination, concentration, teaches how to solve tasks, plan their own actions and of course to think logically. It does not matter how much pieces you have, the main thing is how they are placement!

online intellectual game →