Back

ⓘ Chatarina Sri Pujiastuti bisa diceluk Katrin lair ana ing Malang, 17 Fèbruari 1968. Katrin ya iku anak saka juru tani kopi lan dhèwèké duwè anak jeneng Damarwul ..




                                     

ⓘ Chatarina Sri Pujiastuti

Chatarina Sri Pujiastuti bisa diceluk Katrin lair ana ing Malang, 17 Fèbruari 1968. Katrin ya iku anak saka juru tani kopi lan dhèwèké duwè anak jeneng Damarwulan Prasetyo. Katrin iku sawijining wong kang ngupadi ana ing Désa Baturetno, Kecamatan Dampit, Kabupaten Malang. Katrin terenyuh ndeleng juru tani kopi ana ing désané ora bisa ngadhepi pengepul kopi. Dhèwèké iku ngobah nglumpuk juru tani kanggo berjuang liwat koperasi. Karo cara kuwi, saiki juru tani sing nemtokaké rega kopi, dudu pengepul. Katrin sejatiné ora lair dadi anaké juru tani kopi, amarga bapaké kerja dadi guru ing Yogyakarta amarga mèlu akèh organisasi, ya iku Ketua Koperasi Wanita Usaha Baru Baturetno, Sekretaris Gapoktan SAB C, Pengawas Koperasi Sridonoretno Makmur Bersama, Anggota asosiasi juru tani Sridonoretno, Pengawas kelompok wanita tani Mahkota Dewa Baturetno.

                                     

1. Kauripan

Katrin nalika ana ing Dampit, dhèwèké tuwuh ana ing antara ijoné kebon-kebon kopi. Kawasan Désa Baturetno lan sekitaré ya iku sawijining kawasan kebonan lan pabrik kuna kopi zaman Walanda. Dhèwèké nonton, kepriyé seneng sedhihé kulawarga lan tanggané jero sesawah kopi. Ana sing sesawah kopi sekené amarga namung nerusaké warisan kulawarga, lan ana sing tenanan ngolah kebon nanging ujung-ujungé merana amarga kopi ora ana regané.

Katrin ana ing kauripanè ya iku warga Désa Baturetno ing mangsa iku wis maju ladang kopi. Taun 1989, warga ing désa Baturetno wis duwè paugeran désa perdes ngenani kopi amek abang. Ana ing paugeran kasebut kopi kuwi dipanèn yèn warnané wis abang. Yèn kopi dipanèn sedurungé warna abang, juru tani kuwi mau bakal dikenani sanksi utawa di rampas kasil panénan kopiné. Perkawis kuwi dilakoké kanggo jaga kwalitas kopi saka Désa Baturetno tetap apik, kaya wektu pabrik kopi Walanda isih aktif ana ing kana.

Perdes Paugeran Désa kuwi mau gawé jam kerja ana kebon ing musim panen kuwi ana jadwalé kaya makarya kantoran. Ana sistem buka tutup kebon kopi, kebon dibuka 06.00 lan ditutup 15.00. Ana hansip désa kang tugasé ngawasi lan jaga sistem buka tutup kebon kopi. Sistem buka tutup kuwi mau nganti 10 dina. Ancasé wektu kuwi ya iku supaya ora ana kopi siap panen sing ilang dicolong.

                                     

2. Gumantung Marang Pengepul

Saka pangalaman awit cilik kuwi, Katrin wiwit ngupadi ngowahi nasib apes juru tani. Katrin duwé warisan palemahan kebon kopi saka wong tuané lan palemahan kopi duwé dhèwè saamba 2 hektar. Katrin nlaténi ladang kopi nganti saiki. Dhèwèké aktif mèlu kemempengan panglatian lan mènèhi pawarta babagan tani.

Taun 2009, Katrin diceluk meloni kemempengan Aliansi Petani Perempuan Indonesia APPI ing kutha Malang. Ing kana, Katrin bisa pikantuk pencerahan menawa dadi wadon juru tani, dhèwèke bisa ngowahi kaanan. Salah sijiné ya iku karo nyurung praktik nandur kopi karo becik, supaya, kopi duwé kualitas apik dadiné prayoga diadol karo rega apik uga.

Awit kuwi, Katrin wiwit nyuwarakné budidaya kopi sing becik. Sabanjuré, proses pengolahané uga disurung karo becik kaya ta nganggo pupuk organik, ora asal jemur, lan olah-olah liyané sing duwé kualitas. Ana ing saben kagiyatan kaya acara jemaat geraja, kumpul ibu-ibu PKK, utawa acara liyane, Katrin narekné apa juru tani sing ditémoni nglakokaké amèk abang.

                                     

3. Gerakan Koperasi

Taun 2010, Katrin bali mèlu jero kemempengan koperasi saka Gubernur Jawa Wetan.Inti kegiatan ya iku ngajak juru tani kanggo koperasi. Supaya dhèwèké kabéh ora rekasa nggoléki modal kanggo budidaya tanduran. Tujuané ya iku juru tani bisa éntuk modal lan bisa nabung ing jero koperasi sing diolah dhèwè. Katrin terus nglakoké panyedhakan personal kasebut, nekani dhèwèké kabéh saka omah menyang omah, kanggo ngajak dhèwèké kabèh kagabung. Kabeh dilakoké Katrin dhèwè, amargai bojoné séda taun 2011.

Sasuwéné wayah mlaku, anggota koperasi wedok tani nambah dadi 69 wong. Modal saka gubernur taun 2010 kuwi Rp 25 yuta. Loro taun banjur, koperasi kami diwénéhi suntikan modal tambahan Rp 25 yuta maneh. Saiki, total asèt kami wis Rp 151 yuta karo anggota nganti 69 wong. Katrin ora mung ngopèni koperasi wedok ana ing désané. Kagiyatané ngamba menyang loro désa liya ya iku Srimulyo lan Sukodono. Bareng para juru tani amèk abang liya, dhèwèké kabèh ngumpul ana ing jero asosiasi juru tani kopi Sidonoretno utawa SDR.

Upaya Katrin lan kanca-kancané kanthi éntuk asil kang apik. Dhèwèké kabèh bisa adol kopi amèk abang kanthi rega Rp 46.500 saben kilogram wektu iki. adoh yén dibandingaké karo rega kopi asalan ing ngendi mung diregani Rp 26.000 saben kilogram. Wektu iki cacah kopi SDR produksi asosiasi isih 7 ton sataun saka 125 juru tani. Kamangka potensiné bisa kagayuh 500 ton. Ana ing kana, Katrin lan kanca-kancané terus berjuang nyurung juru tani menang. dhèwèké terus mudhun menyang kebon saben ésuk, lan mulih wektu awan, supaya ngalungguhan jeneng kopi SDR Dampit.